Wong Njaba

“Prasasat langit kabukak saka pucuk menyang ujung lan nibakaké udan geni. Awakku kabèh kaya kagèrèt lan tanganku meksa nggegem revolver. Kokang revolver ngepèr bali, aku krasa sisih ngisoré popor sing dipolès lan kala iku mawa swara garing tur mbrebegi kuping, kabèh diwiwiti. Aku gèdhèg-gèdhèg niyat nyingkiraké kringet lan panasing surya. Aku nglenggana, yèn aku wis ngrusak imbanging dina, kasunyatan astamiwa sawijining pasisir ing ngendi sadurungé aku krasa tentrem. Sawisé iku aku isih némbak ing sawijining awak sing ora obah manèh ping papat, mimisé mlebu kabèh, ora katon ing mripat. Lan swarané kaya ndhodhog lawang kasangsaran kaping papat cacahé.”

Wong Njaba iku roman kapisan Albert Camus (1913-1960), buku sing kababar ing taun 1942 iki karyane Camus sing misuwur dhewe lan nyritakake perkara eksistensialisme. Camus shewe nate menangake bebungah Kesusastraan Nobel ing taun 1957 minangka panulis sing enom dhewe sawise Rudyard Kipling lan wong saka bawana Afrika kapisan.